Berikut adalah naskah drama Bahasa Jawa saya, saya buat sendiri dengan ide saya dan sesuai dengan kondisi yang ada di kelas :D maaf jika ada yang kurang berkenan.
BAHAYANE NIRUN
(Murid-murid
neng kelas siap-siap ameh ulangan basa jawa)
Pak
Bambang : Assalamualaikum Wr. Wb.
Murid-murid : Wa’alaikumsalam Wr. Wb.
Pak Bambang : Dino iki ulangan tho cah? Ojo muni nek
diundur maneh, aku wes kesel cah di apusi.
Ani :
yo mboten usah curhat tho pak. hahaha
(kelas hening, do nyiapke kepek.an
dewe-dewe, pak bambang ngekno kertas ulangan)
Pak Bambang : Ojo do nirun, nek ketahuan nirun tak kon jajakno aku ning kantin.
Sinta :
Jajakke permen tho pak? Haha
Pak Bambang : Wes meneng, tak ke.i wektu setengah jam kudu wes bar.
Ani : Ya allah pak-pak garap tah wahing. Cepeteee
Pak
Bambang : Wes, orak usah protes! Li ndang garap!
(Murid-murid podo nggarap lan ono seng
nggremeng” dewe)
Heni :
Ya allah gustiii paringono pitulungaan, soale angil gustii. (ngomong-ngomong
dewe)
Maria :
iki soal gowo bahasa planet tah piye sik, angeleeee.
Ani :
(ngetokno kepek.an teko dasi lan mulai ngepek)
Sinta :
Hushh, hush heh An, nomor loro.
Ani :
Sabaaar, anggek beraksi ki lho, menengo kowe! Egko nek wes bar tak tiruni.
(Heni, Eman, Rehan garap dewe, wonge
emoh nirun)
Maria :
An! Setoran!
Ani :
(ngekno kertas lungo Maria)
Maria :
awas awas dingeti Pak Bambang.
Pak Bambang : Haiyooo Sinta, Ani, Maria! Garap dewe! Ngetio Heni nggarape
anteng.
Sinta,Ani,Maria : Enggeh Pak!
(bareng-bareng)
Pak Bambang : wektune kurang 5 menit.
(do gugup kertas kepek.ane Ani tibo ng
mejane Rehan lan dijupuk nde.e dilebokno sak)
Heni :
Ya allah gustiii aku durung lebaar.
Eman :
Piye ikiii aku kurang siji.
( Ani, Sinta, Maria tenang-tenang amergo
uwis bar)
Pak Bambang : Ayo-ayo wektune wes bar! Ndang ditumpuk. Siji… loro… telu…
(Ani, Sinta, Maria numpuk ndipek)
Pak Bambang : Heni, Eman, Rehan ayo ditumpuk!
Wes
numpuk kabeh tho cah, mengko esuk tak bagikke bijine. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
(Esuk.e wis ono biji ulangan neng ngarep
kelas)
Heni :
Gusti Allah Laillahaillallah Innalillahi Astaghfirullah bijiku elek.eee
Rehan :
kowe entuk piro Hen?
Heni :
60 Han.
Maria :
Yuhuuu Aku orak remidi!
Sinta :
Weh! Edan! Bijiku 80!
Ani :
Wes tah, sopo ndisek seng niruniii.
Sinta : Sing remidi sopo-sopo iki?
Eman : Aku karo Heni.
Rehan : Alhamdulillah aku pas KKM.
Heni :
Orak adil! Orak adil iki! Aku garap dewe bijiku elek-elek! Emoh! Aku kudu
protes!
Ani :
Lho, karepmu iki piye sik Hen! Biji elek kok ngamuk-ngamuk dewe!
Reni :
Lah yo ra! Yo kudu terimo ra Hen!
Heni :
Yo ancen orak adil! Kenopo sing jujur malah bijine elek! Aku uwis sinau
petentengan seweni tapi hasile remidi. Kowe-kowe seng angger nirun bijimu
apik-apik.
Ani :
Lah kowe yo sok pinter og! Lah gunane aku nirun yo bijiku nah apik soale aku
rumongso nek aku rak iso! Janjane kowe ki pinter tapi kog malah ngene!
Eman :
yo kowe podo salah An! Nirun iku doso, orak apik.
Ani :
Lah nek garap dewe bijine ijeh elek kanggo opo? Nak yo mending doso-doso sitek
tapi biji apik.
Sinta,Maria : Setuju! Hidup Ani! Hidup!
Ani :
Wes, cukup-cukup para fans meneng ndipek.
Heni :
wes reti doso nek nok lakoni kuwe ki gendeng tah piye sik An!
Rehan :
Wes wes orak usah do tukaran, damai luweh enak.
Ani :
Wes, meneng kuwe Han! Lah kuwe lapo gendeng-gendengno aku! Jan-jane kuwe yo
luweh gendeng ko aku! Iri karo wong gendeng!
Sinta :
Ayo! Ayo! Adu cangkem!
(Rehan bingung nggaruk-nggaruk sirah
langsung metu ngundang wali kelas yaiku Bu Catur)
Heni :
Seng iri sopo ngunu? Aku orak iri aku mung rak seneng!
Ani :
Lah rak yo podo ae! Wong og gendeng! Pantesan Remidi!
Heni :
Lah ancen kuwe curang! Jajal kuwe garap dewe!
Ani :
Yo wes ra nek aku curang, ojo iri ngunu! Aku yo orak ngelarang kuwe nirun neng
ingi sik!
Eman :
yo jane kuwe podo ojo ngunu An, nirun iku merusak generasi bangsa. Piye nasibe
bangsa iki nek cah sekolah orak jujur.
Maria :
Iki meneh malah pidato neng kene.
Sinta :
Nirun yo ono faedahe kog, nyatane bijiku apik, nek bijiku apik wong tuoku
seneng, gawe wong tuo seneng kan yo podo entuk pahala.
Heni :
Yo keliru! Carane Orak ngunu!
Ani :
Lah piye carane? Digodog tah digoreng ndipek? Kakehan maido ae!
Maria :
Ayooo lawan An!
(Heni marani Ani lan geret kudunge Ani,
wong loro iku tukaran) (Bu Catur moro)
Bu catur :
Heh! Heh! Ani! Heni! Wes! Cukup! Mandeg! Cah gede kog tukaran ae!
Heni :
Ani bu! Ani nirun pas ulangan Bahasa Jawa!
Ani :
Mboten bu, mboten! Heni Seng iri Bu karo bijiku.
Sinta :
Heni orak terimo Bu bijine elek.
Eman :
Ani yo podo salah Bu, orak gelem jujur.
Bu catur :
Wes meneng! Malah do rembukan dewe. Aku wes diceritani Rehan mau neng dalan.
Ani :
Oooh dadi seng ngandakno Bu Catur kuwe Han?
(Rehan nunduk orak wani ngeti Ani)
Bu catur :
Yo jan-jane kuwe seneng ono kancamu seng peduli kuwe An. Wes untung Rehan
condone karo aku orak karo Pak Bambang. Wes ngene ae, aku orak reti sebenere
koyok piye, nek teko ceritane Rehan kuwe podo salah An.
Maria :
Heni yo podo Bu, esuk-esuk ngejak geger Ani.
Bu Catur :
wes kowe do meneng ndipek, Bu Catur ameh ngomong.
Nirun iku orak apik yo cah, nek iso kuwe
iki dadi wong jujur, orak iso garap yo tetep jujur. Upama cah SMA koyok Ani
kabeh, terus piye negoro Indonesia sesok? Mesti akeh koruptor, ngetio saiki,
koruptor wes merajalela. Iku mergo sifate emoh jujur, tur ngapusi iku marahi
doso kan?
Sinta :
Nah betul iku Bu.
Bu Catur :
Heni yo podo orak oleh iri, seharuse kuwe bangga mergo kuwe wes iso jujur. Akeh
neng kono wong sing orak iso jujur. Sifat jujurmu kudu ndok gowo nganti sok
kuwe mati.bakal ono balesane dewe kanggo wong jujur.
Ani :
Lah upama aku jujur marahi wong tuoku sedeh Bu, mulo aku luru jalan pintas.
Maria :
Gawe wong tuo seneng kan yo entuk pahala Bu, dadi dosone nirun wes ketutupan
karo pahalane gawe wong tuo seneng.
Bu Catur :
Ngeti koyok ngunu iku caramu opo wong tuamu bakal seneng? Wong tuomu iku bakal
seneng nek tingkah lakumu apik orak bijimu tok seng apik. Kuwe salah ngartikno
sekolah. Sekolah kuwi orak kanggo sarana
luru biji apik, tapi sarana kanggo ngubah wong dadi apik. Percuma tho, biji
apik tapi tingkah lakune elek.
Ani :
Tapi kenyataane sekolah neng Indonesia kuwi luru biji bu.
Heni :
He.e bener bu, neng Indonesia orak ono penghargaan neng sekolah kanggo wong
jujur.
Ani :
Melu-melu ae!
Murid
nirun iku mergo wes putek bu karo pelajaran seng sak mono berahe, sedino kudu
ulangan 3 pelajaran sekaligus, opo orak njeblug uteke Bu?
Bu Catur :
Tugase cah sekolah yo ancen ngunu iku. Kan yo owes ono dalile ”sopo wonge
nandur bakal ngunduh, sopo wonge temen bakal hasil”
Heni :
He, rungokno An rungokno!
Bu Catur :
Nek kuwe wektu sekolah jujur sok bakal enak luru pekerjaane, wong-wong yo podo
percoyo karo kuwe.
Ani :
Heleh bu bu! Mbelo Heni ae! Wong yo nde.e podo salah og irinan!
Bu Catur :
Aku orak mbelo sopo-sopo kabeh iki anak didikku, Bu Catur emoh nek kuwe-kuwe do
menempuh dalan seng rak bener. Iki kabeh yo demi masa depanmu sok.
Wes-wes
ayo do damai ae, wes gede kog do nesu-nesunan. Rak macem!
Ani :
Yo Heni ra bu seng jaluk maaf!
Eman :
Yo kuwe ra An!
Rehan :
Wong loro bareng jaluk maaf!
Bu Catur :
Ayo cepet do salam-salaman.
(Ani salaman karo Heni)
Rehan :
Maafe yo An wes tak kandakno Bu catur.
Ani :
iyo Han rakpopo, angger tulung ojo kandakno Pak Bambang. Aku kapok nirun, aku
uwes ntok pelajaran dino iki.
Sinta :
ayooo Rehan salaman karo Aniii. Haha
Heni :
Maafe nggeh bu nek tingkah laku kulo kaliyan konco-konco mboten apik.
Bu Catur :
iyo tak maafno, ngene kan yo luweh enak nek do maaf-maafan. Ojo ulangi neh yo
An, Hen. Sin, Ren, Da, Man, Han dadio murid apik.
END